♥♥ MATUR NUWUN UWES MAMPIR MRENE ♥♥

5 Jul 2011

Geguritan Nelongso


ora ngiro yen sak iki koyo ngene
padahal biyen rumangsaku biasa wae
aku dewe ora weruh, mulai kapan mikirne dewek'e
wiwit kae sampek sak prene,,..

aku iki dudu sopo-sopo
aku iki ora duwe opo-opo
mung duwe nyowo tanpo bondo donyo
mung iki sing diparengne Kang Kuoso,,..

aku jelas gak iso jejeran karo sliramu
aku ora pantes ngomong 'i love you'
sing tak pingini...
kepiye amrih sliramu ora ning jeroning atiku
bengi ben iso turu, ora ganggu uripku,,...

tapi piye meneh...
tresno kuwi pancen aneh
ora ono angin ora ono opo
moro-moro mlebu jiwo lan rogo,,..

duh Gusti...
pikirankun sajak'e mati
gara-gara mikir lan naksir cah kuwi
karep ati kepingin ngelali
jebule tresnaku malah kepati-pati,,..


ya Allah ya Rohman...
wenehono aku dalan kang padhang
kanggo ngadhepi kabeh cobaan
sing teko dumadhak'an,,..

aku pasrah marang kersaMu
soal dalan sing tak tuju
jiwo, rogoku
iku kabeh mung duwekMu,,..